Sabtu, 25 Juli 2009

Kumpulan Guyonan Jawa Timuran/Suroboyoan

Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung. Gak sui Cak So liwat.

"Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut. Opoko kon iku Mar ?" takok Cak So.

"Iyo Cak, aku kepikiran bojoku." jare Cak Mar.

"Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho." jare Cak So.

"Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibake iku bojoku dhewe." jare Cak Mar.

"Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, paling bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh."

"Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung " jare Cak Mar.

"Lha opo lho masalae ?" Cak So malih bingung.

"Mari tak ke'i seket ewu, dhadhak aku disusuki selawe."




=================================================
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.

"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.

Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".

"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

"Wis enakan tah ?" takok doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

"Obat kopok.."

======================================

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge
sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.

Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik
sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku
rek, pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".

Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OKSIGENKU !!!

===========================================================

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.

"Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune.

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone Cak No.

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.
"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi
pisan'' Kusen mulai ngerayu.

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojone Cak No.

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen ambek ngetokno seket
ewuan loro.

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.

"Yo wis, tapi diluk ae yo". jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusen
ngekekno dhuwike.

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun
sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau. Mari
ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

Gak sui, Cak No mulih. "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.

"Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wis
dibayar tah ?."

===============================================


Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.

“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.

“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.

“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.

“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.

“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.

“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.

“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.

“Kucingku mati “ jare Wonokairun.

“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.

“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.

“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.

“Tak peres . . . .”

==============================================

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.

"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali.

"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun.

"Lho kok isok ?" jare Bunali.

"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun

"Lha sing kedua ?" takok Bunali

"Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.

"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu kemeruh.

"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.

"Lho opoko ?" takok Bunali.

"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."


======================

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"

"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.

"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."

Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".

"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.

"Aku iki ewange . ."


=================

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.
Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.

Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek sikile Romlah gak isok mancik munggah bis.
Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.
Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.
Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.
Kondekture wis gak sabar bengok-bengok.

Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Romlah munggah bis.

Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,"Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!".

Wong lanange nyauri,"Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu."


==================

Romlah mampir nang toko katene tuku deodorant.

"Cak, aku arep tuku deodorant gawe "bagian bawah"," jare Romlah ambek ndhudhing anune.

Sing ndhuwe toko bingung lha mosok onok deodorant gae "bagian bawah".
"Sepurane yo ning, gak onok deodorant sing kanggo bagian bawah." jare sing dhodhol.

"Yok opo se peno iku, wong aku sering tuku kok !" jare Romlah muring-muring.

"Lho sampeyan onok contone tah ?" jare sing dhodhol.
"Yo!. Iki lho barange." jare Romlah ambek ndhudhuhno wadahe deodorant kosong.

Sing dhodhol kudhu ngguyu tapi dimpet.
"Ning !! Iki ngono deodorant biasa sing kanggo kelek" jare sing dhodhol.

Romlah tersinggung diguyu-guyu.
"Lho peno iku sing ngengkel ae, woconen tah tulisane iku." jare Romlah ambek njentit ngangkat roke sampek "bagian bawah"e kethok.

Bareng sing dhodhol moco, tibake tulisane ngene "Untuk pemakaian, tekan bagian bawah"


=============================================

Tidak ada komentar:

Posting Komentar